Angger kelingan jaman gemiyen,henpon jen larange por.Manfaate ya kayong kur nggo esemesan karo telpon tok ngganteni surat menyurat nganggo kertas,telegram.
tapi saiki... angkane tah iya kayong jutjutan tapi kayong murah barange njeprah kaya runtah
wislah ora arep mbahas regane henpon.
kiye nyong njajal nganggo henpon arane android.wis pada kenalan mbok?
angger durung ya kebangeten.mene merek nggone nyong kenalan ndisit.hahaha jen ndablung ya.
wis ora arep guyon maning.
wong arep mbahas aplikasi koh malah guyon tok kaya kaki mukidi aing sering di critakna neng bebeem watsap pesbuk tuwiter lah apa maninh kae arane golet dewek ya...
dih malah ndridil maning kaya manuk getilang kengelihen.
wis pokoke sing pada duwe henpon sing pada seneng gawe gambar apa ngubah ubah gambar poto nulis nulis donlod bae arane image editor.
carane buka bae plesetor,terus golet dengan memejet tombol hurup sehingga dadi tulisan image editor(sungkan ngeja koh nyong)
gambare kaya sing neng ngisore kiye kyeh
wis donlod ndisit bae mengko carane tek tulis apa neng kiriman sing anyar.